Jumat, 16 September 2016

BUDIPAKARTI



BUDIPAKARTI

Asaling tembung

Budh (basa Sunskrit)
Tegesipun : emut/gumregah/sadar kajiwan.
puseripun wonten ing pikir.
sumberipun wonten ing batos
Budi : pirantining batin arupi kamanunggalanipun akal,krenteg,lan raos kangge tetimbangan bab ingkang sae lan awon
Pakarti
Oyoding tembung tegesipun : tindak,makarya,obah.
Ingkang makarti : raga,lair.
Budipakarti
Bab awon saening manungsa / Akhlak / Moral.
Budipakarti punika bobot sikep gesangipun manungsa adhedhasar kadiwasaning pikir,manunggaling cipta,rasa,karsa ingkang winahya ing ulah,ulat lan ucap.
Kodratipun Manungsa
Mardika(mandireng pribadi)
Lair sampun gadhah wewatekan piyambak.liripunsaged nata geesang ingkang laras ,nemtokakeenancasing gesangipun anut lampahing jiwanipun.
Warganing bebrayan
Kadunungan ciptalebeta,rasa,karsa salebetipun nepusi gesang tembayatan mboten saget uwal saking sambang pasrawungan,ngadat tata cara ing papan mangaribawani tindak tanduking bebrayan lan budining manungsa ginambar ing tumindak.

Piwulang Budipakarti

Budipakarti mamangun ;
-Watak ingkang selaras.
-Sikep sopan santun.
-Watak kautamaning gesang
-Ngendhaleni Dhiri pribadi.
Pamucalipun ngangge cara : Ngulina,ngreti,nglakoni lan ngrasa.
Jangkahing Gesang
manungsa namung wenang budidaya kaleksananing panjangka dipun papag ing panjangkah.
menggah pepesthenipun punika purba wasesaning Gusti Inkang Maha Kuwaos.
jumangkahipun : wewatoning gesang,wewarahing gesang lan wiramaning gesang. 
gegaraning tumindak :deduga,prayoga,watara lan reringa.
Lambaraning tumindak : lila,narima lan legawa..

WEWANGSON

SURA DIRA JAYANING RAT LEBUR DENING PANGASTUTI

Sumber:http://masbudnasia.blogspot.co.id/2014/04/budipakarti.html



Tidak ada komentar:

Posting Komentar