Wonten madyaning bebrayan kalebet ing bebrayan Jawi, tasih
lumampah upacara-upacara adat ingkang sami katidakaken. Wiwit upacara kala wau,
mbetahaken paraga ingkang piniji pinangka Panatacara tuwin Pamedharsabda.
Panatacara, inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata
lampahing upacara. Kanthi pangertosan punika, pramila ayahipun panatacara
mboten naming mbiwarakaken adicara ingkang badhe lumampah ( Pinangka Pambiwara
), nanging nata sedaya reh ingering adicara. Cekakipun Panatacara punika pinangka
pangarsaning upacara. Pramila dipun sebat Master of ceremony = MC ( Inggris )
tegesipun “ Tuan / Penguasa Upacara “.
Medharsabda = Sesorah, inggih punika ngandharaken utawi
mahyakaken sabda utawi suaraos = kawigatosan dhateng tiyang sanes utawi tiyang ingkang
kathah ing pasamuan. Dene Pamerdhasabda inggih punika tiyang ingkang
medharsabda / sesorah.
Mboten sadhengah tiyang sagede dados Panatacara tuwin
Pamedharsabda ingkang sae, jalaran ngendikan wonten sangajenging tiyang kathah
punika dipun wastani “ seni “ liripun wonten gayutanipun kaliyan kaedahan lan
daya tarik ingkang nengsemaken. Awit saking punika syaratipun dados Panatacara
– Pamedharsabda ingkang sae, antawisipun :
1. Sarira jangkep ( normal ) kanthi pancadriya ugi jangkep.
2. Pantrap ( penampilan ) ingkang nengsemaken ( Simpatik )
3. Kagungan swanten ( kemampuan vocal ) ingkang sae
4. Nguwaosi basal an sastra
5. Kagungan kawruh ( Pengetahuan ) ingkang cekap
6. Kagungan kapribadian ingkang sae, subosita jangkep lan
sumeh polatanipun.
7. Kebak raos pitados dhiri ( Percaya diri )
Kejawi sedaya kala wau, BAKAT mujudaken kunci. Bakat mboten
saged dipun upadi jalaran paringipun Gusti ingkang murbeng dumadi. Namung bakat
sanes Kartu Mati, sanadyan mboten bakat menawi sregep sinau lan gladhen kanthi
tegen, katambah syarat ingkang 7 ing nginggil, Insya’ Alloh saged dados
Panatacara – Pamedharsabda ingkang sae.
Pawiyatan Panatacara tuwin Pamedharsabda ingkang dipun adani
dening PERMADANI, lugunipun pinangka wadhah utawi srana kangge ndherekaken
sinau sesarengan, sok sintena ingkang kepingin marsudi pinangka Panatacara
tuwin pamedharsabda, ingkang pangajab sageda dados paraga ingkang mumpuni,
inggih pantes, luwes tur teges. Tembungipun sanes paraga ingkang renggep, ing
wicara, satemah dados juru ladining bebrayan ingkang sae.
I. PANGERTOSAN RENGGEPING WICARA
Manut Bausastra, Renggep tegesipun candhak / nyandhak. Dene
Wicara tegesipun gunem / tutur / pangandikan. Kula gadhah pemanggih tembung
nyandhak ing bab punika saged dipun tegesi nguwaosi utawi ngendhaleni.
Pramila Renggeping wicara tegesipun : nguwaosi / ngendhaleni
sedaya pakartining tutur, supados wijiling pangandikan saged : tata, tatas,
tetes, titis.
• Tata ing babagan : basa sastra, tuwin patrap
• Tatas ing bab babaran ( sistimatika ) tuwin isining wedharan
• Tetes ing bab wijiling pangandikan : rancak, cetha, lan
wirama sekeca.
• Titis tegesipun trep kaliyan swasana.
Wondene swasana ing ngriki, nyakup : wonten upacara punapa,
mapan ing pundit, sinten ingkang midhangetaken, kados pundit wekdalipun.
Kanthi makaten nembe dipun wastani renggeping wicara, menawi
wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting
pangandikan,panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep lan
jumbuh kaliyan swasana, saha sedaya kala wau kaaturaken kanthi rancak, cetha,
susila lan sekeca dipun mirengaken.
Cekakipun renggeping wicara punika wijiling pangandikan
jumbuh utawi trep kaliyan swasana.
Rehning Panatacara, pamedharsabda punika ing salebeting
pasamuan dados punjering kawigatosan, kepara ugi mujudaken pasugatan tumprap
para tamu, pramila inggih kedah ngdi murih saged renggeping wicara.
Kathah perkawis ingkang kedahi dipun cawisaken pinangka
sangu, murih saged renggeping wicara. Ing antawisipun, saged kaperang dados 3
perangan inggih punika :
a. Gayutan kaliyan jiwaning wedharan, inggih punika
pambudidaya murih wedharing pangandikan nggadhahi bobot/jiwa tuwin raos ( =
TEKNIK PENJIWAAN )
b. Gayut an kaliyan ulah swara, inggih punika pambudidaya
murih wijiling pangandikan cetha tuwin membat mentuling swara sekeca dipun
mirengaken ( = TEKNIK VOKAL )
c. Gayutan kaliyan patrap, inggih punika pambudidaya murih
patraping salira punapa dene patraping busana netepi subasita
( = TEKNIK PENAMPILAN )
II. JIWANING WEDHARAN
Wonten saweneh Panatacara tuwin Pamedharsabda, ingkang
wedharing pangandikanipun karaosaken tanpa jiwa tanpa raos. Pramila inggih
lajeng kapireng ampang tanpa bobot. Makaten punika, saged karana naming apalan,
utawi mboten pirsa tegesipun tembung-tembung ingkang dipun ucapaken utawi naming
adhapur tiru-tiru.
Wonten malih Panatacara tuwin Pamedharsabda, ingkang
pangandikanipun ngalantur utawi nggladrah, naming kasurung dening raos kepingin
ngetingaleken anggenipun baut micara, lajeng mboten ngengeti wekdal, mboten
mirsani gorehing para tamu ingkang sampun kedangon lsp. Ingkang makaten punika
sanadyan basanipun sae, nanging saged kawastanan mboten trep, temahan mboten
renggep.
Wijiling pangandikan Panatacara tuwin Pamedharsabda saged
wonten jiwa/bobotipun, menawi cekap sangunipun. Jalaran inggih naming kanthi
sangu ingkang cekap, badhe teteg ngadhepi beda-bedaning kawontenan, mboten “
Demam panggung “, minder, lsp. Satemah wijiling pangandikan badhe mantep,
rancak / teteh, saha katingal anjiwa ( “ Menjiwai “ )dhateng ayahipun.
Sangunipun Panatacara tuwin Pamedharsabda, supados wijiling
pangandikanipun hanggadhahi jiwa/bobot, atawisipun wonten 5 perkawis :
1. Pirsa saestu / nguwaosi dhateng ayahipun.
2. Nguwaosi Basal an sastra
3. Teteh/Baut Micara
4. Lantip ing panggraita saha tanggap ing swasana.
5. Kagungan kawruh ingkang cekap, mliginipun ingkang gayutan
kaliyan ayahan punapa dene kawruh sanesipun ingkang pinangka payengkuyung.
Yen arep weruh
trahing aluhur, titiken saka alusing tingkah laku lan budi basane.v
Titikane wong kang
wus putus ing ilmu, yaiku saka basane kang bias gawe tentrem lan bungahing
liyan.v
1. NGUWAOSI AYAHAN
Bakuning ayahan
Panatacara, pinangka sopir/ kusir ing pasamuan. Tegesipun, Upacara saged
lumampah kanthi rancak punapa mboten, komandhonipun wonten Panatacara. Wonten
upacara punika kathah paraga ingkang hanyengkuyun, pramila murih sedaya paraga
kala wau saged tumindak kanthØi trep manut jejibahanipun, kuncinipun wonten
panatacara kados pundit anggenipun nata.
Rehning Panatacara
jejripun pinangka sopir utawi Pangarsa / Pemimpin, pramila inggih kedah
nguwaosi “ Managemen “ Panatacara. Liripun, wiwit saged lumampah runtut mboten
kisruh ( Perencanaan ), Kados pundit anggenipun nata para paraga kridha darma
supados saged nindakaken jejibahanipun manut lampahing adicara (
Pengorganisasian ). Jalaran Upacara makaten mujudaken setunggal “ sistem “
ingkang lampahipun sineng-kuyung dening sub-sistem. Menawi setunggal sub system
mboten lumampah, badhe merbawani mboten rancakipun setunggal system kala wau.
Pramila tembungipun managemen, “ pengorganisasian lan koordinasi “ punika
wigati sanget tumrap panatacara.Ø
Dene wonten
cak-cakanipun ( “ Pelaksanaan “ ) Panatasara pinang ka sopir/kusir,
pangandikan/parentahipun/komandho kedah cetha. Kanthi makaten para paraga
ingkang hanyengkuyung ing adicara kala wau saged tumindak kanthi trep.Ø
Ingkang pungkasan
gayutan kaliyan manajemen Panatacara inggih punika “ kontrol “. Ing bab punika
Panatacara kedah tansah mbiji rancak lan mbotenipun lampahing adicara, inggih
gayutan kaliyan paraga, uborampe, punapa dene wekdal. Ugi keparenga tansah
ngulataken kados punsi semunipun para tamu hananggapi lampahing adicara.
Andhedhasar pambiji kala wau Panatacara saged tumindak kangge ngendhaleni
lampahinh adicara murih ngremenaken para tamu satemah para tamu saged jemjem
lan kepareng ngestreni upacara ngantos paripurna.Ø
Keparenga enget,
bilih saweneh ukuran/titikanipun panata cara kasil anggenipun nindakaken
ayahan, ,menawi bibaripun tamu karana upacara sampun paripurna.Ø
Manajemen ingkang
katur ing nginggil saged dipun tindakaken, menawi Panatacara pirsa saestu
menggah cak-cakanipun saben-saben adicara ingkang badhe lumampah. Wiwit saking
adicara punapa, ingkang dipun betahaken, sinten kemawon ingkang maragani, kapan
adicara kala wau katindakaken. Ingkang punika, nguwaosi kawruh bab ngadat
tatacara, gendhing lsp.Perlu sanget tumprap Panatacara.Ø
Dene Pamedharsabda,
bakuning ayahipun mahyakaken isining penggalih/ raos-pangraos dhateng tiyang
kathah/tiyang sanes. Awit saking punika, murih wedharing pangandika saged
nggambaraken isining penggalih kanthi trep, tumprap Pamedharsabda kedah pirsa
wosing pangandika ingkang kedah kaaturaken manut beda-bedaning ayahipun. Wosing
pangandikan tumprap paraga pasrah panganten, beda kaliyan wosing pangandikan
atur pambagyaharja, lsp.Ø
Babagan punika badhe karembag malih ing perangan babaring
wedharan.
2. NGUWAOSI BASA LAN SASTRA
Paraga panatacara
punapa dene Pamedharsabda, murih saged renggeping wicara ugi kedah nguwaosi
basal an sastra, jer basa mekaten ingkang pinangka piranti ( alat ) kagem
medharaken isining penggalih. Wondene basa ingkang sae inggih punika basa
ingkang trep kaliyan swasana ( Upacara punapa, sinten ingkang midhangetaken,
wonten pundit papanipun ).Ø
Ingkang wigati lan
kedah dipun kuwaosi, inggih punika bab pamilihing tembung trep, pramila kedah
pirsa bab.Ø
Murih pamilihing
tembung trep, pramila kedah pirsa bab unggah-ungguhing basa, inggih punika
pamilihing tembung ingkang trep pangetrapipun wonten ing warni-warnining
golongan tiyang ing bebrayan. Pramila kedah dipun kuwaosi antawisipun tembung
ngoko, krama, karma inggil lsp. Tuladhanipun : tembung “ kandha “. Menawi kagem
anem dhateng sepuh lajeng dados “ Matur “, dene kagem ingkang sepuh dhateng
anem lajeng dados “ Ngendika “.Ø
Ngengingi
Unggah-ungguhing basa, pinangka pathokan keparenga pribadinipun Panatacara /
Pamedharsabda hanganggepa ingkang dhawah anem utawi ingkang dhawah asor.Ø
Tuladha : Pasrah panjenengan pinanganten kakung, kula tampin
kanthi suka renaming penggalih. Punika lepat.
Leresipun : kula tampi kanthi suka bingahing manah.
Kejawi Unggah-ungguh
basa,ugi kawruh bab sastra Jawi kadosta ingkang gayutan kaliyan : purwakanthi,
wangsalan, bebasan lsp. Ugi kedah dipun kuwaosi, murih saya endah edining basa
ingkang badhe merbawani dhateng renggeping wicara.Ø
3. BAUT / TETEH MICARA
Baut micara utawi
teteh micara ing ngriki, inggih punika wijiling pangandika rancak lan mboten
wongsal-wangsul keclitut, mboten sekedhap-sekedhap eeeeee, …….. eeeee………Ø
Saupami tanpa rinaos
kalajeng ketrucut kawijil tembung ingkang mesthinipun mboten trep, saged
ngenggokaken satemah mboten ketingal sanget lepatipun.Ø
Supados baut micara,
mboten wonten cara sanes kejawi naming kedah kathah gladhen sesorah saha sregep
ngracik ukara-ukara lajeng dipun apalaken.Ø
4. LANTIP ING PANGGRAITA / TANGGAP ING SWASANA
Panatacara tuwin
Pamedharsabda ugi kedah lantip lan cepet tanggap ( “ Peka “ )dhateng swasana.
Upaminipun, wekdalipun sampun kasep saking rantaman, tamu sampun katingah
goreh, tumprap Panatacara utawi Pamedharsabda ingkang tanggap dhateng
kawontenan, mboten badhe matur kanthi panjang temtu badhe matur kanthi cekak
aos.Ø
Makaten ugi menawi
satunggaling wanci, karana kawontenan Panatacara kedah damel putusan ngowahi
urutaning adicara, utawi kedah tumindak murih upacara tetep katingal lumampah
rancak. Punika mbetahaken lantiping panggrahita tuwin kedah-tansah mulat
dhateng swasana.Ø
5. SUGIH KAWRUH
Panatacara tuwin
Pamedharsabda badhe langkung moncer malih, menawi ugi sugih kawruh. Liripun kejawi
kawruh ingkang gayutan kaliyan basa, nanging ugi kawruh sanes-sanesipun ingkang
wonten sambet rapetipun kaliyan medharsabda. Kanthi sangu kawruh ingkang pepak,
Panatacara – Pamedharsabda mboten badhe samara ing kawontenan kados pundit
kemawon, saha badhe saya damel rancaking pangandikan.Ø
Prayogi sanget menawi
tansah remen maos buku-buku kapustakanØ
III. ULAH SWARA / TEKNIK VOKAL
Suwara, mujudaken
piranti ingkang baku tumprap Panatacara tuwin Pamedharsabda, jalaran swara
punika dhapur babaring sana. Tiyang saged dipun wastani wicaranipun “ Lus
Mardawa “ katitik saking wuwantenipun.Ø
Awit saking punika
pangolahing swara, kedah kaudimurih: Ulem, dhekung, membat mentul satemah
sekeca kamirengaken.Ø
Ingkang kedah dipun
gatosaken ing bab pangolahing swara, antawisipun :Ø
1. Dhasar swara
Dhasar swara ingkang ageng lan bass, mujudaken pawitan
ingkang sae tumprap Panatacara – Pamedharsabda, jalaran badhe ambabar swara
ingkang ulem lan kung.
Sanadyan makaten, tumprap ingkang mila dhasar santenipun
alit / tribell sampun ngantos dipun damel-damel supados ageng jalaran sanadyan
wiwitanipun ageng nanging dumugi tengah badhe blero wangsul aslinipun. Kamangka
ingkang sae swara punika wiwit kawitan dumugi pungkasanipun pantog. Pramila
bakunipun kanthi dhasar swara ingkang dipun darbeni, kaudi murih cetha, bening
mboten esek.
2. Kedal
Pangejaning abjad, mugi kaudi murih cetha lan leres. Ingkang
punika obahing lesan saha pirantos sacelaking lesan sageda mapan kanthi merdika
ambabar swaraning basa.
da : mardika, dahat dha : pidha
ta : tata, titah tha : cumanthaka, pinetha
Makaten ugi swara aksara : a – i – u – e – o, kedaling lesan
kedah merdika murih ambabar swara ingkang cetha.
3. Ucapan
Pangucaping tembung, kaudi murih cetha, langkung-langkung
mingsad-mingseding tembung lingga, supados mboten kaclithut.
pandam – pandoming cupet – ceweting
wijang – wijiling golong – gilig
pinantha – pantha – pepanthan tregal - tregel
4. Lagu
Lagu ing ngriki nyakup : sora-lirihing swara, panjang
cendhaking swara, rindhik-rikating swara, inggil andhaping swara, saha membat
mantuling swara tuwin lak-luking swara. Basa jawi punika lagunipun dekung,
mboten melodhiyus, mboten rempeg renyah. Pramila kedah kagladhi lan kaudi murih
swanten saged wijang, wirama lan wirasa, mboten “ Monoton “. Pangudinipun
karana gladhen ngendikan sakathah-kathaipun.
5. Microfon
Kangge nambahi daya murih swanten saged kapireng dening
akathah, jaman samangke sampun limrah kanthi ngginakaken microfon. Ingkang
perlu pikantuk kawigatosan salebetipun ngginakaken Mic, inggih punika :
a. Letipun tutuk kaliyan Mic, gumantung peka lan mbotenipun
Mic. Kangge Mic ingkang peka, sampun ngnatos kecaketan jalaran swanten badhe
kapireng bindheng mboten cetha. Sepinten letipun ingkang pas, prayogi
saderengipun upacara kawiwitan kedah kacobi langkung rumiyin. Pinangka
ancer-ancer kirang langkung 5 nyari.
b. Rikala badhe ngendika caranipun nandha Mic, sampun
ngantos kasebul sora utawi dipun thothok sora wongsal-wangsul. Punika kalebet
patrap ingkang kirang prayogi. Cekap kanthi kagrayang temtu sampun badhe
ketawis.
c. Medharsabda kanthi ngginakaken Mic, volume suwara kedah
dipun kirangi mboten perlu sora-sora, supados sekeca dipun mirengaken.
IV. PATRAP / TEKNIK PENAMPILAN
Patrap ( Penampilan ) badhe merbawani ugi dhateng renggeping
wicara. Babagan patrap punika badhe kaperang dados kalih, inggih punika
patraping sarira saha patraping busana.
1. Patraping Sarira
Solah bawa, greget, saut, tandang graying, kaudiya murih
sembada, susila, lan prasaja.
a. Wiwit tindak tumuju ing papan medharsabda, lumampah
kanthi prasaja, jumangkah mantep mboten kesesa, lan susila. Dumugi sangajenging
para tamu ngaturaken sembah kalbu, pinangka atur pakurmatan dhumateng para
tamu.
b. Dumugi sangajenging MIc, mboten kesesa ngendika.
Penggalih dipun tentremaken kaliyan mirsani sedaya tamu kanthi warata.
c. Rikala ngendika / medharsabda :
• Polatan tansah sumeh
• Asta ngapurancang, kejawi dipun betahaken
• Jumeneng kanthi jejeg mboten mirsani manginggil utawi
mangandhap.
• Mboten wira-wiri ( prayogi wonten paraga pambiyantu kagem
sesambetan dhateng paraga sanes ).
• Nilaraken pakulinan / saradan ingkang kirang prayogi,
kadosta : ngulat-ulet kabel Mic, asta kabanda, asta mlebet sak, cagak Mic terus
dipun cepengi, lsp.
• Mboten sinambi ngrokok, lan gegujengan.
d. Salebetipun maraga mliginipun panatacara, prayogi mboten
dhahar, ngunjuk sawetawis kemawon supados tenggorokan mboten salit. Cekakipun
sampun ngantos katinggal sanget.
e. Rikala pinuju lenggah ( Panatacara ), sikepipun tetap
susila, mboten leyeh-leyeh, suku mboten jegang, lsp.
2. Patraping Busana
Winasis ngendika bilih “ ajining dhiri saka lathi, ajining
sarira saka busana”. Busana saged asung prabawa tuwin wibawa tumprap ingkang
ngagem. Ugi saged damel saya nambahi kapitadosan dhiri, satemah badhe merbawani
dhateng renggeping wicara.
Patraping busana, kedah kajumbuhaken kaliyan swasana tuwin
upacara ingkang lumampah. Liripun, menawi wonten upacara adapt jawi para paraga
sami ngagem busana kejawn, mila Panatacara-Pamedharsabda ugi kedahipun ngagem
busana kejawen. Makaten ugi kagem siang punapa ndalu gayutanipun kaliyan
warnining busana inggih kedah jumbuh.
Pangangeming busana ugi kedah leres lan trep. Liripun menawi
pinuju busana kejawen, wiwit pangangeming nyamping beskap, dhestar, dhuwung,
jumbuh kaliyan gagrag busana ingkang dipun agem ( Surakarta utawi Ngayogyakarta
).Menawi ngagem busana Nasional, inggih ingkang leres. Upaminipun ngagem Jas
inggih jangkep kaliyan dhasi, sepatu.
V. BABARING WEDHARAN
Wedharing pangandikan, saged kadamel rowa utawi ringkes.
Makaten ugi ing bab basa ingkang kaginakaken, saged kanthi basa ingkang prasaja
utawi basa ingkang rinengga. Sedaya kala wau gumantung swasana, wonten upacara
punapa, sinten ingkang midhangetaken, saha wekdalipun ingkang sumadiya.
Baunipun wedharing pangandikan kedah urut runtut
(sistimatis), cetha pilah-pilahipun, isining wedharan jumbuh kaliyan ayahan
ingkang sinangkul.
Babaring pangandikan, prayogi kaperang dados tigang
perkawis, inggih punika :
1. Purwaka, inggih punika atur ingkang pinangka pambuka.
2. Isi utawi perangan wigati, inggih punika wosing
pangandikan.
3. Wasana, inggih punika atur ingkang pinangka panutup.
TUMPRAP PANATACARA :
Ingkang kalebet ing perangan Purwaka antawisipun :
- Salam pambuka / uluk salam
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Muji syukur dhateng Alloh ingkang maha Agung
- Ngaturaken reroncening adicara
- Babar pisan pambuka ka-aturaken, lajeng para tamu kasuwun
sekeca lenggah hangantu adicara salajengipun.
Ingkang kalebet perangan wigati tumrap panatacara, inggih
punika ngaturaken saben-saben adicara. Kalebet wonten kalanipunugi panyandra.
Ingkang kedah pikantuk kawigatosan tumprap panatacara, inggih punika ngaturaken
adicara ingkang badhe lumampah, mbaka setunggal para paraga ingkang
hanyengkuyung dipun aturi kanthi cetha.
Gayutan kaliyan panyandra, lugunipun panyandra makaten
naming dhapur palapuran kasunyatan ingkang nembe lumampah ( laporan pandangan
mata ), ingkang saged kagem ngregengaken swasana. Awit saking punika
Paugeranipun nyandra, antawisipun : Ingkang dipun candra kasunyatan, mboten
damel gerahing penggalih ingkang dipun candra punapa dene para tamu, tembung /
basanipun tetep susila ( mboten lekoh ) lan ngremenaken.
Wondene perangan wasana, tumprap panatacara antawisipun
Nyuwun pangapunten
dhateng sedaya kekirangan saha kalepatan anggenipun nindakaken jejibahan.-
Ndherekaken sugeng
konduring para tamu-
Ngaturaken adicara
panutup / Hamungkasi upacara saha salam panutup.-
PAMEDHARSABDA
Rehning wonten warni-warni medharsabda, pramila bedanipun
ing bab isi / wigati utawi wosing pangandikan. Wondene perangan purwaka saged
kawastanan bakunipun sami.
Perangan Purwaka, ngemot :
Uluk salam/salam
pambuka-
Pakurmatan dhateng
tamu-
Muji syukur dhateng
Gusti Alloh ingkang maha Agung-
Ngaturaken ayahipun.-
Dene perangan isi utawi wigati saha wasana, gumantung
ayahinipun.
1. Pasrah Penganten Kakung
Bakunipun naming kalih perkawis, inggih punika :
Ngaturaken salam
taklimipun ingkang sami bebesanan-
Pratignyan / Ikrar
pasrahipun penganten kairing panyuwun.-
Panyuwun ing ngriki, gumantung cak-cakipun pasrah mapan ing
adicara pundit. Menawi pasrahipun saderengipun kaijabaken, nyuwun supados
kaijabeken. Menawi sampun ijab saderengipun upacara daup/panggih, nyuwun
supados kapanggihaken manut tata upacara adapt ingkang lumampah. Dene menawi
pasrahipun sampun ijab saha panggih, nyuwun kagula wethah ingkang sae.
Menawi wonten sanesipun ingkang kedah kaaturaken, saged
katambah, upaminipun : badhe kaboyong, babar pisan matur nyuwun pamit
sasampunipun purna, inggih dipun aturaken.
Wasana :
Nyuwunaken
panganpunten kalepatanipun sedaya pengombyong-
Nyuwun pangapunten
kalepatanipun pribadi ingkang pasrah-
Salam panutup.-
2. Pasrah Pengantin sarimbit ing upacara boyong
Isining wedharan, sami kaliyan pasrah pengantin kakung, bedahipun
:
Salam taklim-
Atur palapuran
kaleksananing Ijab saha wiwahan wonten kulawarga putri-
Pratignyan pasrah
pengantin sarimbit kanthi panyuwun sumangga anggenipun paring pangrengkuh saha
panggulawenthah dhateng besan saha bebrayan/masyarakating ngriku.-
Nyuwunaken
panganpunten kekirangan saha kalepatan wiwit nampi rembag sepisanan, ngijabaken
saha miwaha dhauping pengantin, ngantos anggenipun ndherekaken boyong.-
Perangan wasana :sami kaliyan pasrah pengantin kakung
3. Penampi Penganten
Lugunipun wosing pangandikan, manut kaliyan isining
pangandikan sakiing paraga ingkang pasrah. Pramila perangan wigati ngemot :
Ngaturaken sugeng
rawuh dhateng duta miwah pengayab-
Nampi salam taklim,
saha wangsul ngaturaken salam taklim-
Pratignyan/ikrar
nampi pasrahipun penganten saha panyuwunipun badhe dipun tindakaken-
Ngaturi sekeca
lenggah ngestreni wiwahan ngantos purna.-
Wasana :
Nyuwunaken pangaksami
kalepatanipun ingkang mengku gati menawi wonten kalepatan anggenipun nampi.-
Nyuwun pangapunten
kalepataning pribadi-
Salam panutup.-
4. Atur Pambagya/Sulih ingkang kagungan kersa / Panitya
Wigati/isi :
Ngaturaken sugeng
rawuh saha matur nuwun rawuhipun tamu.-
Ngaturaken ujubing
gati/ khajadipun punapa kapan kalesananipun, para tamu kasuwun punapa ).-
Ngaturaken panuwun
awit pambiyantunipun sanak kadang, tangga tepalih, saha sumbang sih saking para
tamu. Mboten saged atur pinwales mugi Gusti ingkang males.-
Nyuwunaken
pangapunten kekirangan kalepatanipun ingkang kagungan karsa ing sedayanipun.-
Wasana :
Kasuwun nglajengaken
nggenya lelenggahan ngantos purna-
Para tamu kasu-wun
hangedhapi /hangrahabi pasugata
Nyuwun pangapunten
kalepataning pribadi-
Salam panutup-
5. Wursitawara / Sabda tama
Purwaka :
- Salam pambuka / uluk salam
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Puji syukur
6. Tanggap wasaca / sabda ( = Sambutan / sanes wejangan )
saking Pangarsa Instansinipun Pengantin
Purwaka :
- Salam pambuka
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Puji syukur dhateng Pangeran
- Ngaturaken panuwun dhateng Panatacara paringipun wekdal
Wigati :
- Mangayubagya dhateng Pengantin saha rama ibunipun.
- Pangajab saha pitedah dhateng pengantin, gayutipun kaliyan
Dinas, sasampunipun palakrama.
Wasana :
- Ndherek memuji mugi pengantin kasembadan ing sedya.
- Nyuwun pangapunten lepating atur
- Salam panutup.
PAMRAYOGI :
1. Uluk Salam / salam pambuka, tumprap ingkang ngrasuk agami
islam salam kalajengaken tahmid, shahadat, sholawat, mboten wonten lepatipun.
Namung menawi katambah ayat Al –Quran lan hadist kedah kapilih ingkang jumbuh
saha wonten andharan mangke badhe ngaturaken bab punika. Pramila trepipun
ingkang mawi katambah ayat-ayat punika kagem ingkang tanggap sabda utawi
wursitawara.
2. Pakurmatan dhateng para tamu
Ngengeti wekdalipun winates lan supados mboten kekathahen,
parayogi dipun jamak, kanthi para tamu kaperang dados 3 golongan :
- Para Alim, para sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu
kinabekten
- Para manggalaning praja ( menawi wonten ) ingkang
sinudarsana
- Para rawh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan.
3. Babaring wedharan badhe panjang punapa cekak, kedah
kajumbuhaken kaliyan swasana. Makaten ugi babagan basa, badhe madya puanapa
basa rinengga ugi kedah mulat dhateng ingkang midhangetaken saha ing upacara
punapa.
VI. PANUTUP
Atur sapala punika adhapur ancer-ancer tumprap para kadang
ingkang badhe amarsudi pinangka Panatacara tuwin Pamedharsabda, mugi saged
kagem tetimbangan.
Amrih langkung cetha, samangke badhe ka-aturaken tuladha
sawetawis aturipun Panatacara- Pamedharsabda ing wiwahan Panganten, katambah
ngadani upacara bidhaling layon.
Ing wasana sugeng gladhi, murih dumugi ingkang kaesthi dados
juru ladining bebrayan ingkang utami.
• Kamulyaning urip iku dumunung ana tentreming ati
• Wong linuwih iku, ambeg welas lan sugih pangapura
• Wong kang ora weruh tata karma uda Negara, iku padha karo
ora bias ngrasakake rasa nem perkara ( legi, kecut, asin, pedhes, sepet lan
pahit ).
• - Panjangka iku tekane kudu dipapag nganggo panjangkah
- Jumangkah iku kudu nganggo : wewaton, wewarah lan wirama
- Wewatoning urip yaiku ngibadah, wewarahing urip yaiku
syari’ ah, dene wiramaning urip yaiku ihklas.
- Ibadah kelakone kanthi niat, Syari ‘ ah jejege perlu
kapercayan, dene ikhlas bias wujud lamun ana panarima.
- Tuking niat ana ati, tuking kapercayan ana akal, tuking
panarima ana telenging pangrasa.
terimakasih banyak kak. sangat² membantu sekali materinyaa 😘😘😘
BalasHapusMatur nuwun kadang kula Muryani, saestu menika seserepan engkang baken. Menawi kepareng nyuwun engkang power point, murih gampil anggenipun ngapalaken, hawit sampun awujud bakenan-bakenan kemawon. Salam pitepangan (guswit)
BalasHapussatursuwon kadang, derek sinau
BalasHapus